CONTOH TEKS PRANATACARA ( Perpisahan Kelas XII )



Assalamualaikum Wr.Wb



Kepala SMA N 1 Sentolo ingkang dahat kinurmatan , para guru saha karyawan ingkang kinurmatan, Para Wali murid , tamu undangan ingkang kinurmatan, lan para kanca kadhang ingkang kula trenani

Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paringa kanugrahan ingkang arupi kasasaran satemah ngantos wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saget rawuh ing acara perpisahan kelas XII SMA N 1 Sentolo menika

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula ingkang  jinejer  pinangka pranatacara, langkun rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadhang panitia :

1.      Pambuka

2.      Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1 Sentolo

3.      Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII

4.      Tanggap wacana saking Wakil Kelas X/XI

5.      Selingan

6.      Penutup

Mekaten wau rantamaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal punika

Para rawuh ingkang kinurmatan , ngengeti wekdal ingkang sampun dungkap siyang langkung prayogi menawi adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing adicara angka setunggal inggih menika Pambuka. Sumangga adicara menika dipunwekasi ndedonga adedasar agaminpun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga

............................ Ndedonga ...............................

Adicara ingkang angka kalih inggih menika Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1 Sentolo, panjenenganipun Bapak Sulistiyo, dhumateng Bapak Sulistiyo kasumanggakaken

........................ Tanggap wacana .........................

Matur nuwun dhumateng Bapak Sulistiyo. Adicara saklajengipun inggih menika Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII, dhumateng sedherek .................... kasumanggakaken

....................... Tanggap wacana ..........................

Matur nuwun dhumateng sedherek ...................... Mekaten wau Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII . adicara saklajengipun inggih menika Tanggap wacana saking Wakil Kelas X/XI , dhumateng sedherek  ........................... kasumanggakaken

....................... Tanggap wacana ..........................

Adicara saklajengipun inggih menika Selingan, sinambi para rawuh ngunjuk saha dhahar nyamikan, sumangga mirsani kesenian tarian tradisional saking para kanca kelas X/XI SMA N 1 Sentolo

............................ Selingan ................................

Matur  nuwun dhumateng para kanca kelas X/XI , sakajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika penutup , pramila sumangga acara ing siyang menika dipun pungkasi kanthi ndedonga sesarengan adedasar agaminipun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga

............................ Ndedonga ...............................

Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur



Wasssalamualaikum  Wr. Wb


1 comment:

Copyright © 2013 DIMAS KUSUMA